Layang Njerit

8.2K 64 12
                                    

Layang njerit

Kaslempit ing njero lemari

Ngenteni

Kapan ana wong teka

Banjur binuka

Kepengin nyuwara

Layang njerit

Kaslempit ing njero lemari

Suwarane kaya thathit

Ing wayah wengi

Katon wingit

Dak purugi

Kanthi cecolok damar

Kelap kelip urube samar

Dak sawang, dak waca

Aku banjur kelem ing samodraning ukara

Dalancang kang rinakit basa lan sastra

Kebak kawruh kang piguna

Mula kanca ....

Sregepa maca

Minangka jendelane donya

Saka maca bisa ngumbar gagasan

Saka maca bisa njembarake wawasan

Saka maca bisa sirna kabodohan

Jaman grobalisasi

Literasi dadi visi kang utami

Ngumbar imajinasi kebak inovasi

Minangka raharjaning nagri

Layang njerit

Kaslempit ing njero lemari

Jebul akeh bab kang wigati

********

Gerakan literasi terus menggema untuk mewujudkan cita-cita bangsa dalam mencerdaskan anak bangsa untuk kemajuan negara

selamat membaca. Jangan lupa vote nya.

https://youtu.be/rrNZXR5lBl4

Terima kasih
Pakshe 😊

Kumpulan GeguritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang